JAKA TARUB
Dening
Dennis indrawan, Nawang Sari, Fifi Afnira Valentina, M. agung Prasetyo, M. ivan Ramadhan, Salma Sekarpertiwi, lan Selly Tamara
Dening
Dennis indrawan, Nawang Sari, Fifi Afnira Valentina, M. agung Prasetyo, M. ivan Ramadhan, Salma Sekarpertiwi, lan Selly Tamara
1
Para Nawang lagi guneman ing kahyangan. Dheweke mudun saka kahyangan arep adus ing bumi.
Nawang Sekar : “Ayo para dulur, dolan menyang bumi.”
Nawang Lintang : “Wah...ayo. nanging dolan ing ngendi?”
Nawang Sari : “Aku duwe ide, ayo adus ing sumber”
Nawang Wulan, Lintang, Sekar : “(nggawa slendhange) Ayo....”
Nawang Sekar : “Wah...seger tenan banyune.”
Nawang Sari : “Iya, bening banget”
Jaka Tarub : “(intip-intip) Wah...sapa kuwi? Ayu tenan rupane.”
Jaka Tarub : “Wah...slendhang endi sing arep dakjupuk? Iki wae wes.”
Rada suwe, para Nawang mentas saka sumber. Para Nawang njupuk slendhang dewe-dewe.
Nawang Sari : “Ayo padha mentas, langit wis arep peteng”
Nawang Sekar : “Ayo bali, sesuk menyang kene maneh”
Nawang Wulan : “(bingung tolah-toleh) Lho... ngendi slendhangku?”
Nawang Lintang : “Iku mau kowe seleh ngendi?”
Nawang Wulan : “(nuding watu gedhe) Ing watu gedhe kuwi, bareng mbakyu kabeh”
Nawang Sari : “Apa ana manungsa liwat lan njupuk slendhangmu Nawang Wulan?”
Nawnag Lintang : “Aku ora ndeleng ana manungsa liwat.”
Nawang Sekar : “Piye iki, langit wis arep peteng.”
Nawang Sari : “Iyo, yen ora ndang bali kahyangan bakal ditutup”
Nawang Lintang : “Yen ngono, kowe ing kene wae, golekana slendhangmu. Yen wis ketemu kita bakal nyusul kowe”
Nawang Wulan : “Inggih, Mbakyu.”
Nawang Sari : “Ya wes ati-ati, Nawang Wulan.”
Para Nawang mulih menyang kahyangan. Jaka Tarub teka lan nyedeki Nawang Wulan.
Nawang Wulan : “(susah ) Ana ngendi slendhangku ya?”
Jaka Tarub : “Geneya kowe kok sedhih banget?”
Nawang Wulan : “Aku kelangan slendhang, apa kowe ngerti?”
Jaka Tarub : “Aku ora ngerti. Aku Jaka tarub, omahku ana ing desa kulon. Sapa jenengmu?”
Nawang Wulan : “Aku Wulan, aku kesasar ana ing kene lan arep nggoleki slendhangku”
Jaka Tarub : “Yen kowe gelem, kowe oleh nginep ing omahku. Sesuk isuk dakrewangi nggoleki slendhangmu kuwi”
Nawang Wulan : “Wah...matur suwun Jaka Tarub”
2
Seminggu Nawang Wulan ana ing omahe Jaka Tarub lan dheweke isih ora nemokake slendhang iku. Sanalika, Jaka Tarub kesemsem marang Nawang Wulan. Dheweke nglamar lan rabi karo Nawang Wulan.
Jaka Tarub : “Dinda, Akang budal menyang alas sek ya!”
Nawang Wulan : “Iya, Kang. Mengko Dinda cepakake lawuh sing enak”
Ing pawon Nawang Wulan arep adang sega gawe Jaka Tarub. Ora sengaja Nawang Wulan nemokake slendhange ing njero wadah beras. Dheweke kaget lan nangis.
Nawang Wulan : “(nangis) Apa iki ana hubungane karo Kang Jaka?”
Jaka Tarub : “Ana apa, Dinda?”
Nawang Wulan : “(nduduhake slendhange) Apa iki ana hubungane karo Kakang?”
Jaka Tarub : “Dinda, Akang njaluk sepuro. Kakang ora ana niat elek. Iku kabeh amarga Kakang tresna karo Dinda!”
Nawang Wulan : “Sepurane, Kang. Dinda bakal bali menyang kahyangan. Dinda ora bisa ing kene terus”
3
Para Nawang ing kahyangan duwe pratanda yen slendhange Nawang Wulan wis ketemu. Dheweke mudun ing bumi nyusul Nawang Wulan.
Nawang Lintang : “Dulur, batinku ngomong yen Nawang Wulan butuh pitulungan”
Nawang Sari : “Ayo dulur, mudun menyang bumi nyusul Nawang Wulan”
Nawang Sekar : “Ayo, aku khawatir marang Nawang Wulan.”
4
Ing sumber, Nawang Wulan lan sadulure bali menyang kahyangan.
Nawang Sari : “Nawang Wulan, ayo kowe bali.”
Nawang Lintang : “Kowe aja percaya marang manungsa kuwi”
Nawang Sekar : “Ayo dulurku”
Nawang Wulan : “Inggih mbakyu”
Jaka Tarub : “(nangis) Dinda, kowe aja bali”
Akhire Nawang Wulan mutusake ninggalne Jaka Tarub sing wis ngapusi deweke lan mulih menyang kahyangan dipapak dulur-dulure.
0 komentar:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !