SOWANING TEMANTEN

Kamis, 26 Maret 2015

PANYANDRA SOWANING TEMANTEN KAKUNG SAKING WISMA PALEREMAN
(Maneka Warna Wicara Antologi Basa Jawa)

            Binarung swaraning gongsa ingkang hambabar ladrang wilujeng kawistinggal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman ing pangajab mugi tansah manggih kawilujengan kalis ing sambekala. Gumembyar busananing putra temanten kakung, hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara hangemba busananing nata.
       Dhampyak-dhampyak para kadang wandawa ingkang sarnya hangayab tindakipun putra temanten kakung. Temanten kakung hanggenya lumaksana lengkeh-lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngolong sapecak mangu sapecak kendel semu hangungun hanguningani endah edining swasana ingkang hangrenggani tawanging wiwara. Wus hundungkep unggyan ingkang tinuju kendel tindakira wonten sangajeng ing wiwara, keparenging sedya hangrantu laksinating adi cara salajengipun.


Share this article :

0 komentar:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. SKB MANDIRI - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Inspired by Sportapolis Shape5.com
Proudly powered by Blogger