DRAMA RUJAK GEGER

Rabu, 18 Maret 2015

RUJAK GEGER
 
Pangrepto 
Elsa Tursina, Ferine Artamefitria Aditama, Obi Martasuganda, Refardo Gelora Krisnajaya, Tri Afriliasari, dan Youkha Suta Wira

BABAK 1
Ing desa terpencil ing Kabupaten Loro Ati. Ana urip keluarga kang sederhana, yaiku keluarga ibu Marni, bu Marni iku janda duwe anak siji ingkang kaduen jeneng Rika. Saben dina bu Marni bakulan rujak ing omahe kanggo nguripi keluargane. Rika anake bu Marni saben muleh pawiyatan ngewangi ibuke bakulan ing omah. Wektu iku pas dina Senin, isuk- isuk bu Marni sampun nyiapke bahan-bahan gawe bakulan nde omah. Saben isuk bu Marni ngutus Rika tumbas bahan-bahan sing kirang wonten toko ing njero pasar.

Bu Marni    : “Ka tumbasno tempe telung ewu ing pak Andi.”
Rika           : “Nggih buk, ( krungune tape) pundi artane buk ?”
Bu Marni    : “Iki lo ka duwite.”

Rika iku bocah putri kang ayu parase lan resik atine. Nanging kekurangane, yaiku deweke kurang konsentrasi karo panggaweane lan pandengerane ora pati isa krungu. Rika diutus  tumbas tempe menyang pak Andi deweke malah tumbas tape ing pak Adi.

Rika            : “Buk ibuk, iki lo tapene” (bengak-bengok nyeluk i ibuke)
Bu Marni    : “Loh, kok tape to nduk ?”
Rika            : “Lha jenengan wau ngutus tumbas tape to buk ?”
Bu Marni    : “Oalah nduk nduk, tempe nduk cah ayu. Yawis ndang balik maneh kana!        (karo maringi duwit nde Rika)”

Rika mbalik tumbas tempe ning Pak Andi karo guyu kisinan ning dalan, ndelalah ndek dalan ketemu Beni kancane sekelas.

Beni        : “Hei Ka ? Arep menyang endi awakmu ?
Rika        : “Aku apene nang pak Andi Ben tuku tempe, lha awakmu arep nang endi?”
Beni        : “Walah padha Ka, ayo bareng nang mrana ne.”

    Beni iku kancane Rika awit cilik, yen neng ndi ndi arek loro iku mesti bareng bareng. Sak wise tumbas tempe arek loro mau banjur muleh nyang omahe dewe dewe.

Rika            : “Bu niki tempene”
Bu Marni     : “Oh iya nduk, yawes saiki ndang adus ndang budal sekolah”
Rika            : “Nggeh buk”

Rika banjur budal ing pawyatan. Rika sekolah ning SD Maburmawut 2 kabupaten Loro Ati, sing jarake karo omahe Rika lumayan adoh yaiku sekitar 3 kilo. Kaya biasane Rika budal sekolah bareng karo Beni numpak sepedah. Ing sekolah pas dina iku ana ulangan Matematika. Nanging Rika lali lak ana ulangan. Akhire deweke bingung kaya lutung kesarung.

Rika        : “Aduh piye ki. Aku durung sinau.”
 
Rika nggrumel ning ati lan usrek karepe dewe. Beni sing kancane sebangku awit TK bingung pas nyawang tingkahe Rika.

Beni        : “Heh, kon iku nyapo ? Usrek wae. Aku gak isa konsentrasi iki.”
Rika        : “Sepurone Ben, iki aku bingung. Durung sinau, gak isa jawab.”
Beni        : “Wis wis, tenang. Ojo bingung tak kandani.”
Rika        : “Temenan to Ben ? Matur suwun ya.”

Karo wajah sing berwibawa Beni nawari jawaban ning Rika. Maklum Beni iku jawara matematika ing kelas.

BABAK 2
Bu Marni iku ora siji sijine bakul rujak ing Desa. ing RT sebelah ana bakul rujak ingkang terkenal karo rasane sing cetar membahana gak enak’e lan maju mundur regane. Jenenge rujak ibu Laura, bu Laura iku ibune Beni koncone Rika awit cilik. Anake kancanan nanging ibune musuhan. Bu Larua sirik karo rujake bu Marni sing rame sing tuku lan enak rasane.

Bu Laura    : “Sepi maneh sepi maneh. Iki warung apa polsek sing wong wong podo wedi arep mampir.”

Deweke ngedumel ning ati amargo sepi warunge ora ana sing tuku. Ora suwe ana swara motor mandek ning ngarep warung.

Tiang Jaler    : “Buk ! Tumbas rujak.”
Bu Laura    : “Nggih mas. Di dahar mriki napa di beto wangsul ?”
Tiang Jaler    : “Di maem mriki mawon bu, kaleh kopine nggih !”
Bu Laura    : “Nggih mas, riyen nggih.”
 
Ora suwe tiang jaler mau kelar lek dahar.

Tiang Jaler    : “Buk ! Pripun to buk. Rujake jenengan kok sepet ngeten to buk.”
Bu Laura    : “Lha pripun to mas ? Wong lak ku ngulek ya rosa lo mas, paling ya kecampur keringet titik mau.”

Tiang jaler    : “Oalah buk buk, pinten totale ?”
Bu Laura     : “Rujake 20 rb, kopi ne 6 rb. Dadi totale 26 rb mas.”
Tiang jaler    : “sampean iku malak apa ngrampok to bu, rujak keringet ngunu kok 20 rb, wis kopi ne pait pisan. Yawis yawis iki duwite.”
Bu Laura     : “Wis dimasakne protes ae, ngomong ae lak gak duwe duwit mas.”

Bu Laura iku tiange kang licik, piye amprih bati apa wae isa dilakokne. Lan krungu-krung soko ngrumpiane ibu-ibu arisan rujake bu Marni iku ora tau sepi sing tuku, lan iku gawe gregeten bu Laura.
 
Bu Laura    : “Apa enak’e to rujak’e si Mar kuwi, padahal to enakan pooollll rujakku. Padahal ya jik ayunan aku, enoman aku, mancungan aku.”

Deweke pegel karepe dewe.

Bu Laura    : “Hmmm, mboh piye carane aku kudu isa gawe warung rujake Mar kuwi sepi sing tuku. Tapi piye carane ya ?”
 
Sifate kang ala akhire metu, deweke sirik kalian warung rujak bu Marni sing rame wong tuku. Ora suwe Beni mulih saka sekolah.

Beni        : “Assalamu’alaikum. Beni wangsul buk.”
Bu Laura    : “...................”

Bu Laura meneng wae ora nyauri salam anake. Beni sing nyawang ibuke iku bingung mergo ibuke iku nglamun lan ngomong-ngomong dewe. Beni banjur ngampiri ibuke lan njawil kupinge.

Beni        : “Buk ! Buk ! Buk !”
Bu Laura    : “Hih. Apa to arek iki ? Ana apa Ben ?”
Beni        : “Lha jenengan nglamun wae lo buk, kula salam mboten di jawab.”
Bu Laura    : “.......”

Bu Laura meneng wae karo nyawangi Beni. Ora suwe dewek’e duwe ide pie amprihe warunge bu Marni sepi sing tuku.

Bu Laura    : “Ben ! Sampeyan saiki tak utus tumbaso rujak ning Bu Mar ya, omahe kncomu iku lo.”
Beni        : “Kagem napa to buk ? Awkdewe kan ya dodolan rujak to buk ?”
Bu Laura    : “Wis to, ojo takon wae ! Ndang budal, iki duwite.”
Beni        : “Nggih buk.”

Ora suwe Beni teko menyang omahe warunge Rika. Lan ora sengaja sing ngedoli kuwi ya Rika.

Rika        : “Loh Ben. Ana apa ?”
Beni        : “Anu Ka, aku di utus ibuk tumbas rujak neng kene.”
Rika        : “Loh, ya apa ora dodolan rujak to ibukmu ? kok tumbas rujak nde kene, apa ogak enak gawe dewe ?”
Beni        : “Mboh iku ibuku aneh temen.”
Rika        : “Yawis, iki rujak’e. Kabeh dadi 7 rb ya.”
Beni        : “Iya, aku balik disek ya.”

Pas teko menyang omah Beni di kandani ibu’e.

Bu Laura    : “Ben, iki nko rujak sampean maem !
Beni        : “Nggih buk.”

Sakwise rujak’e di maem karo Beni, bu Laura marani Beni lan arep ngomong sesuatu.

Bu Laura    : “Ben. Ayo nyang mrene ! Ibuk arep matur.”
Beni        : “Wonten napa buk.”
Bu Laura    : “Piye carane sampeyan kudu akting yen weteng mu loro bar maem rujak’e Mar kuwi. Ngerti ?”
Beni        : “Lha kok ngoten buk ? Wonten napa ? Beni mboten purun.”
Bu Laura    : “Beni !! Sampeyan ngerti apa ora yen warunge awkdewe iki sepi ora ana sing tumbas. Kabeh wong wong podo tumbas ning warunge koncomu iku. Carane ngene awakedewe bangkrut.!”
Beni        : “Kula mboten purun buk, Rika niku rencang kula ket alit, mboten saget ngefitnah Rika kula buk.” ( karo mbrebes arep nangis )
Bu Laura    : “Beni !! Sampeyan pilih ndi ? Ora tak paringi sangu sekolah apa manut ibuk’e ?”
 
Beni langsung ngalih ning kamar karo nangis. Sesok’e, Beni ora mlebu sekolah amargo printah saka ibuk’e.,

BABAK 3
Bu Laura banjur marani pak RT lan rame-rame ngajak warga ing warunge Bu Marni. Amargo fitnahan bu Laura sing ngefitnah yen rujak’e bu Marni racunen.

Bu Laura : “( ndodog lawange Bu Marni ) Heh! Metu we Marni! Dloken anakku Beni! Kok apakne kok sajake wetenge lara! “
Bu Marni :“( kaget lan metu soko omah) Astaghfirullah wonten nopo niki buk (bingung ndelok bu Laura sing nesu - nesu)“
Bu Laura :” Halah rasah nggaya ora eroh, aku ngerti sajake rujakmu racunen to! Dloken anakku Beni wetenge loro!”
Bu Marni : “ Astaghfirullah bu mboten bu mboten, rujak kulo mboten wonten racune, saestu bu, sumpah!”
Bu Laura : “ Alalalala rasah ngapusi, mlebu neraka kapok kowe mengko! “

warunge bu Marni di tutup karo warga lan pak RT. Semenjak iku warunge bu Laura rame sing tuku. Lan Bu Marni mung pasrah karo tuduhan iku. Rika sing sajake ora percoyo karo fitnahan warga takok dewe karo Beni ing sekolah.

Rika : “ Ben Beni (nimbali Beni) “
Beni : “ Dalem Rik enek apa? “
Rika : “ Ben temenan to weteng mu lara amarga rujake ibukku, jawaben jujur Ben”
Beni : “ Jujur Rik kui cuma fitnahane ibukku aku dikongkon ibukku lara weteng supoyo     rujake ibukmu gak laris maneh, aku nyuwun ngapuro ya Rik ”
Rika : ” iya Ben tak ngapuro nanging aku temenan kecewa karo ibukmu kok tego temenan     ibukmu Ben karo ibukku”
 
Akhire Rika ngerti ceritane sing bener, muleh sekolah banjur langsung cerita karo pak RT lan ibukke. Semenjak iku Warunge bu Marni mbalik rame lan warunge bu Laura suwi suwi malih sepi, sak wis e kejadian iku bu Laura gak dipercoyo warga maneh.
Share this article :

0 komentar:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. SKB MANDIRI - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Inspired by Sportapolis Shape5.com
Proudly powered by Blogger