DRAMA MBOLOS SEKOLAH

Minggu, 15 Maret 2015

MBOLOS SEKOLAH
 
Pangrepto
Annisa Rahma , Aula Putri Anindya, Mia Rosyda, Rifqi Nursakti, Safira Nur S, lan Nizar Zulmi

Ing sawijining injing tabuh 07.30, kahanan sekolah wis anyak sepi amarga kabeh siswa wis mlebu kelas. Lawang kori sekolah wis arepe ditutup.

Rifqi           : “Pak...Pak...sek Pak, ojo ditutup sek.” (Rifqi mbengok karo mlbayu nyang lawang kori)
P. Satpam   : “Awakmu neh? Jam pira iki, jam semene tas teko?”
Rifqi          : “Ngapunten pak, kula kawanen, tulung njenengan bukaaken lawangipun pak, please!”

Dumadakan teka kancane sekelas, yaiku Annisa sing nang esuk kuwi uga teka telat.

Annisa        : “Sek...Sek...ngenteni, ojo ditutup pak.”
P. Satpam   : “Awakmu yo teka telat, ora nduwe jam apa piye neng omah?”
Annisa        : “Ngapunten pak, kulo tak mlebet pak, sepisan niki wae, please pak!”

Rifqi lan Annisa sethithik memelas ben bisa diwenehi ijin mlebu saka Pak Satpam.

P. Satpam     : “Ya wis ya wis, mlebu kono, ning awas, aja dibaleni meneh, mengko aku diseneni kepala sekolah.”
Rifqi & Annisa : “Nggih pak.”

Neng tengah dalan mlebu kelas sing manggon neng lantai loro, dheweke kabeh sethithik nglakoake pacelathon. Annisa sing wedi yen diseneni gurune mlakune cepet-cepet banget, nanging Rifqi malah enek-enak lan nyantai. Dumadakan Rifqi malah mbujuk-mbujuki Annisa ben ora mlebu kelas pisan wae.

Rifqi        : “Nyantai ae lho sa, ora usah cepet-cepet mlakune, ojo kayak diuber setan.”
Annisa     : “Yah, awakmu iku, wes telat isih isa ngomong nyantai.”
Rifqi        : “Sa, saiki jam pira? “
Annisa     : “Jam 07. 45 menit, iki wayahe Bahasa Indonesia.”
Rifqi         : “Wah, meh telat sakjam  awake dhewe.”
Annisa      : “Lhah, kuwi awakmu ngerti.”
Rifqi         : “Aku nduwe ide Sa, piye lek awake dhewe mbolos wae, ora usah melu pelajaran.”
Annisa      : “Ah....ngawur awakmu’i, emoh-emoh.”
Rifqi        : “Yaelah awakmu, kaku banget, emang awakmu pengen oleh hukuman
                   teka Bu Lista guru Bahasa Indonesiane awake dhewe? Emang awakmu
                  gelem disoraki karo cah-cah gara-gara awake dhewe distrap neng ngarep kelas?”
Annisa     : “Hmmmm....iya sih, yo emoh aku.”
Rifqi        : “Ya wes, mendingan awakmu melu aku wae menyang kantin, karo nunggu pelajaran mari,
                   mending njajan wae dhisik....hehehe .”
Annisa     : “Yowislah, aku yo durung sarapan soale, ning awakmu sing traktir ya?”
Rifqi        : “Iya wes, gampang kui.”

Akhire dheweke kabeh luwih mileh kanggo menyang kantin ketimbang kudu mleboni kelas. Karo ndhelik-ndhelik, dheweke kabeh mlaku menyang arah kantin lan pas wis nganti ing ngarep kantin, bocahe konangan karo Bu Sa’adah (guru BP) neng ngarep tangga. Pas panggonane kantin kui sandingan karo tangga ngge menyang lantai loro.

Bu Sa’adah     : “Ehmm....sampeyan sampeyan iki arep nyang ndi, kok nggawa tas?”
Rifqi               : “Eh..ibu, anu Bu, kita badhe menyang toilet.” (karo sok akrab)
Annisa            : “Nggih..Bu...hehe.”
Bu Sa’adah    : “Emang menyang toilet kudu gawa tas ya? Aja ngapusi kowe, aku ngerti kowe
                         arep bolos mlebu kelas ta?
Annisa           : “Piye to we’i. (suara alon karo menyenggol awak Radit karo pundhak)
Bu Mariska    : “Nyapo gak mlebu?
Annisa           : “Kita telat Bu?
Bu Mariska   : “Wis ngerti telat, terus kowe arep  bolos menyang kantin? pelajaran apa kowe saiki?
Rifqi             : “Bahasa Indonesia, Bu. Gurunipun galak.”
Bu Sa’adah  :  “Wis ngerti galak, nyapa kok nggawe gara-gara?”
Rifqi             : “Kita mboten sengaja  telat bu, nanging tangine kawanan.”
Bu Sa’adah  : “Sing liya ae bisa tangi esuk, masa kowe ora isa?
Annisa         : “Saget bu, nanging wingi dhalu kula asik dolinan game online, mekaten kula tilem dhalu
                       banget.”
Rifqi            : “Bener bu, kulo enggeh ngoten.”
Bu Sa’adah : “Ya wis, ayo tak terne  mlebu kelas.”
Rifqi            : “Yah, Bu, mengke kita kenek hukuman.”
Bu Sa’adah  : “Ya kuwi resikomu cah bagus, makane kudu ngerti wayah. Kapan wayahe sinau, kapan
                        wayahe dolanan game, kapan wayahe turu.”
Annisa         : “Nggih bu, ngapunten.”

Akhire, dheweke kabeh diterne Bu Sa’adah menyang kelas. Ing ngarep lawang kelas.

Thok...thok...thok.
Bu Sa’adah    : “Bu, niki kulo semerep lare kaleh niki, dheweke arep bolos menyang kantin.”
Bu Lista         : “Hmm, sampeyan kabeh, gawe gara-gara wae.”
Annisa           : “Ngapunten bu, niki idene Rifqi.”
Rifqi              : “Ah..awakmui.”
Bu Sa’adah   : “Nggih pun Bu, kulo pamit riyen badhe wonten urusan. Monggo, Bu.”
Bu List          : “Nggih, Bu. Monggo. Yo wis tak ijini sampeyan kabeh mlebu, ning  sampeyan tak hukum
                       dhisik.”
Annisa          : “Yah...Bu.”
Bu Lista       : “Push up ping 35.”
Rifqi             : “Mboten kekathahen, Bu?”
Bu Lista       : “Cepet, gak usah ngenyang.”

Karo sorakan saka kanca-kancane, akhire dheweke kabeh bar nglakokake hukuman sing diwenehi Bu Lista lan dheweke kabeh sadar yen kedisiplinan kui penting banget mulane dheweke janji ora bakal telat maneh.

Bu Lista    : “Enak ta teka telat? Ayo kowe mlebu.”
R & A     : “Matur suwun bu.”
Bu Lista   : “Sesuk-sesuk aja dibaleni neh ya. Lek dibaleni tak pepe ing lapangan mburi. Gelem kowe?”
Annisa     : “Mboten bu, mboten. Kula kapok.”
Rifqi        : “Nggih, bu.”
Share this article :

0 komentar:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. SKB MANDIRI - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Inspired by Sportapolis Shape5.com
Proudly powered by Blogger